Jumat, 28 Juli 2017

JEJAK PARA WALI DI JOGJAKARTA

MAKAM WALIYULLAH SYEIKH SYIHABUDDIN
(Penghulu Kasultanan Ngayogyakarta sepisan)

Syeikh SYIHABUDDIN Punika Putranipun Mbah Nyai Sanimah ingkang nomer sekawan , pidalem wonten padukuhan Dongkelan Ngayogyakarta
Mbah Nyai Sanimah putra putrinipun Mbah Syeikh Kyai Rosyid Krandekan ingkang nomer kalih
Sedoyo putranipun Mbah Kyai Rosyid wonten 7
1. kyai Sabdanala
2. Nyai Sanimah (ibunda Syeikh SYIHABUDDIN)
3. Kyai Mukasim
4. Kyai Sayidin
5. Kyai Djamrudin
6. Kyai Syamsuddin lan
7. Kyai Abdul Jalal

Kacarita Nalika Kanjeng Sultan Hamengkubuwana I (lhr thn 1717 -1792 M ) jumeneng nata ing Ngayogyakarta Hadiningrat ,piyambakipun taksih sungkawa awit R.M said utawi Pangeran Samber Nyawa kawisudha dening Walandi dados Mangkunegara I
Kanjeng Sinuwun Sultan Hamengkubuwana I kagungan kersa ngawonaken Mangkunagara I wonten ing payudan ananging tanpa mejahi , kersanipun inggih punika " menang tanpa ngasorake"
Miderek wisik utawi isyarah (wangsit ) ingkang dipun tampi nalika wonten sumolangu
Kanjeng Sultan Hamengkubuwana I kedah pados jago kuning mas saking daerah Banyumas

Sasampunipun dipun padosi wonten ing pundi2 papan, pranyata jago kuning mas punika inggih Syeikh Kyai SYIHABUDDIN ingkang wedal semanten mapan wonten sakidulipun kraton Ngayogyakarta

Cekake cariyos Syeikh Kyai SYIHABUDDIN sagah lan nyanggupi badhe mbiyantu Kanjeng Sinuwun Sultan Hamengkubuwana I
Kanti gadhahi kalih panyuwunan , sapisan menawi ayahan punika saged kaleksanan
Syeikh Kyai SYIHABUDDIN nyuwun dipun wisudha dados pepatih dalem
Ingkang kaping kalih kagem ngayahi damel punika Syeikh Kyai SYIHABUDDIN ngampil tombak kanjeng Kyai Plered (pusaka tilaranipun Kanjeng Panembahan Senapati )

Cekake cariyos
Pranyata, sasampunipun angsal pambiyantu saking Syeikh Kyai SYIHABUDDIN
Kanjeng Sinuwun Sultan Hamengkubuwana I saged ngungguli yudhanipun Mangkunagara I
Ananging Syeikh Kyai SYIHABUDDIN boten siyos dipun wisudha dados pepatih dalem, amargi Kanjeng Sinuwun Sultan Hamengkubuwana I sampun misudha Kyai Tumenggung Yudhanegara bupati Banyumas dados pepatih dalem jejuluk Patih Danureja I
Lajeng Syeikh Kyai SYIHABUDDIN dipun wisudha dados Penghulu Kraton Ngayogyakarta ingkang sepisan.
Nanging panjenenganipun Syeikh Kyai SYIHABUDDIN nglenggahi dados Penghulu namung sekedhap mawon, karana mundur
(Mengundurkan diri ).

Syeikh Kyai SYIHABUDDIN selajengipun dipun wisudha dados Penghulu Pathok Nagoro (satunggaling kalenggahan abdi dalem ingkang ngayahi wonten ing Pengadilan Surambi utawi Al Mahkamah Al Kabirah ) tuwin dipun damelaken Masjid
Wondene siti palênggahanipun Syeikh Kyai SYIHABUDDIN inggih punika dusun Dongkelan dipun dadosaken Siti perdhikan, wiyaripun inggih sak wiyaripun suwanten bedhug taksih kapireng.

Kajawi punika Syeikh Kyai SYIHABUDDIN ugi kaparingan garwa (garwa triman) ingkang asma Dewi Lungayu.
Dewi Lungayu punika kala rumiyin garwanipun Pangeran Mangkubumi (asma Kanjeng Sinuwun Sultan Hamengkubuwana I saderengipun jumeneng nata ing Ngayogyakarta) ingkang katitipaken Kyai Trayem I ing Plered bantul.
Sasampunipun seda Syeikh Kyai SYIHABUDDIN tuwin Nyai Dewi Lungayu kasarekaken wonten cungkup lancip sakilènipun Masjid kauman Dongkelan

Syeikh Kyai SYIHABUDDIN punika apeputra 7 saking 4 garwa ;
I. Garwa saking kedungwot peputra
   1. Mbah Nyai Muhammad Djakfar

II. Garwa saking Nglegok peputra
   2. Mbah Nyai Zainal Abidin
   3. Mbah kyai Djoyoniman /Tumenggung Notoyudo

IIII. Garwa saking triman ( Nyai Dewi Lungayu ) peputra
   4. Mbah Kyai Muhammad Ngafiah
   5. Mbah Nyai Muchtarom
   6. Mbah Nyai Muhammad Imam

IV. Garwa saking Banyumas peputra
   7. Mbah Nyai Abdur Rauf

Mekaten sekedhik sujarah lan Riwayat Panjenenganipun Syeikh Kyai SYIHABUDDIN Dongkelan
Wonten kirang langkungipun​ nyuwun agunging pangapunten
Mugi manfaat
. WallahuA'lam bishowwab...

Salam sarkub salam wilujeng wengi...

2 komentar:

Terimakasih sudah berkunjung