Sabtu, 05 Agustus 2017

MAKAM KYAI JEJER

SOWAN LAN NAPAK TILAS MENELUSURI JEJAK LAN SEJARAH PORO PRIYAGUNG

(1). MAKAM MBAH KYAI AGENG JEJER ALIAS PANÊMBAHAN SUROPROBO

Pesarean Mbah Kyai Ageng Jejer alias Panembahan Suroprobo dumunung wonten ing dusun jejer II kalurahan Wonokromo Kecamatan Pleret Kalebet wilayah Kabupaten Bantul

Wilayah punika dipun nameni jejeran jalaran Papan punika sumarenipun satunggaling Ulama Agung lan misuwur ingkang cikal bakal utawi ingkang babad kawitan papan wilayah punika
Ingkang miturut dongèngipun masyarakat
Nalika seda Panjenenganipun Kyai Ageng Jejer tetep Jumeneng ngasta teken wonten ngandhap wit blimbing
Gegandhengan Ulama punika mboten dipun mangertosi asmanipun lan sedanipun makatên lajêng papan punika dipun nameni Jejeran..

Perlu Kawuningan bilih Kyai Ageng Jejer punika estunipun tasih wayah buyutipun Simbah Kanjeng Sunan Ampel Surabaya utawi Sayyid Ahmad Rahmatillah lan dipun têrangakên bilih Kyai Ageng Jejer punika kalebet turunipun Kanjeng Sunan Ampel ingkang kaping Enem. Kyai Ageng Jejer punika wayah bibi saking Nyai Ageng Pemanahan ing kitha Ageng, jalaran Kyai Ageng Jejer punika putranipun Kyai Ageng Juru Mertan utawi Patih Mondoroko ( patih Mataram kapisan)
Kyai Ageng Juru Mertani Kagungan sederek putri Ingkang dados garwanipun Kyai Ageng Pemanahan.

Kacarita Kyai Ageng Jejer punika Satunggaling Ulama Ingkang Misuwur, inggih jalaran Panjenenganipun punika menawi Da'wah Nibaraken Agami kanthi thokleh, mucalan Agami dipun wedharaken kanthi gamblang punapa wontenipun ingkang dados remenipun ingkang mirengaken. Wucalan Agami ingkang dipun wedharaken ngimenaken babagan Tauhid lan lumaksanipun rukun Islam ingkang gangsal.

Menawi sedanipun Kyai Ageng Jejer tetep Jumeneng kanthi ngasta teken wonten ngandhap wit blimbing punika estunipun namung pralambang. Teken punika pralambang ke-Esaan Allah Ta'ala
Uwoh blimbing ingkang gligiripun gangsal minangka pralambang rukun Islam ingkang gangsal , Kyai Ageng Jejer Seda kanthi tetep taqwa dumateng Gusti Allah Ta'ala sarta tetep ngugemi Agami Islam, kados ingkang dipun wucalaken dateng masyarakat, Kyai Ageng Jejer Mboten seda jumeneng wonten uwit blimbing, ananging seda kanthi nilaraken wasiyat supados tetep Taqwa dumateng Pengeran lan tetep ngugemi Agami Islam ngantos dumugining pejah.

Putra putrinipun Kyai Ageng Jejer utawi Panembahan Suroprobo ingkang bajeng dipun pundhut garwa Sinuwun Kanjeng Sultan Agung Hanyakrakusuma lan Kawisudha dados Kanjeng Ratu Kilen ,dados Kyai Ageng Jejer punika marasepuh dalem Sinuwun Kanjeng Sultan Agung Hanyakrakusuma /Sultan Abdullah Muhammad Maulana Matarami

Mekaten sekedhik riwayat lan sujarah ipun Kyai Ageng Jejer kirang langkungipun​ nyuwun agunging pangapunten...
Mugi manfa'at...

WallahuA'lam bishowwab...

Salam Rahayu...

(2). MAKAM KYAI AGÊNG KRIYAN ALIAS KYAI​ WANAKRIYA

Makam beliau berada di dusun jejeran II desa Wonokromo kec Plered bantul Yogyakarta
Tak banyak yg bisa di ungkap sejarah tentang beliau
Hanya saja Menurut cerita tutur beliau adalah salah satu wong agung Mataram dan menjadi cucu menantu Kanjeng Sultan Agung Hanyakrakusuma
Beliau putra dari Adipati Pragola III keturunan Kyai Agêng penjawi pati
Keturunan beliau banyak yg menjadi pembesar Mataram ,salah satunya adalah Kanjeng Kyai Tumenggung Djoyodingrat I makamnya tak jauh dari makam beliau..

Selain makam beliau juga banyak makam tokoh2 para ulama dan tokoh2 pembesar Mataram lainnya
Di antaranya...
1. Kanjeng Kyai Rojo Manggolo
2. Kanjeng kyai Rojo niti
3. Nyai Ageng Kriyan
4. Syeikh Abdurrahman Ali dll...

Wa qila ada Sumber yg mengatakan bahwa​ tak kurang dari 40 makam wali di makamkan di komplek makam tersebut..

WallahuA'lam bishowwab...

Salam..

MAKAM SYEKH MOJO AGUNG

(1).MAKAM AULIYA'ILLAH SYEIKH MOJO AGUNG

Lokasi Makam beliau Syeikh Mojo Agung berada di pesarean kintelan di kampung dipowinatan kelurahan Keparakan kecamatan Mergangsan kota Yogyakarta
Menurut catatan sejarah yang ada beliau Syeikh Mojo Agung masih keturunan Raja Majapahit , beliau adalah cucu dari Prabu Brawijaya Pamungkas atau Brawijaya V
Nama asli beliau adalah Kyai Ageng Wono Paksa putra dari Kyai Ageng Wonolopo atau Pangeran Joko laru bin Brawijaya V
Beliau masih saudara atau  adik dari Kyai Ageng Wono salam Seorang Senopati atau Patih kesultanan Demak Bintara di era Pemerintahan Kanjeng Sultan Trenggono /Sultan Syah Alam Akbar III ..

Diceritakan bahwa beliau hijrah ke bumi Mataram dan melakukan tapa Brata di alas mentaok dengan waktu yang cukup lama
Dari sebelum berdirinya kesultanan Mataram Kotagede
Sampai dengan berdirinya kesultanan Ngayogyakarta Hadiningrat
Dengan maksud secara batiniah beliau nyengkuyung atau mendukung berdirinya kesultanan tersebut..
Tapa Brata beliau berpindah beberapa kali ,sampai di hutan pabringan tapi karena tempat tersebut dikendaki Sultan HB I untuk dijadikan kraton maka beliau berpindah ke daerah kintelan
Disitulah beliau kembali melakukan tapa Brata atau munajat sampai dengan akhir hayatnya
Dan disemayamkan di tempat tersebut juga..

Selain makam beliau ada juga makam para Auliya' lainnya yg masih satu komplek a.l
Syeikh Basyah /Kyai Ageng Tunggul Jiwa
Syeikh Djoja (menurut keterangan sejarah Nama kesultanan Djojakarta di ambil dari nama beliau )
Syeikh Kyai Nalaganjur dll

Demikianlah sedikit Riwayat tentang beliau kurang lebih nya mohon maaf

WallahuA'lam bishowwab..

(2).MAKAM SYEIKH NDORO PURBO

Makam beliau berada di kampung karang kebolotan semaki kota Yogyakarta persisnya di timur Taman makam Pahlawan Kusumanegara
Makam tersebut menjadi salah satu jujugan para peziarah di seputar kota Jogja
Dan makam tersebut dikeramatkan oleh warga setempat karena dipercaya semasa hidupnya beliau adalah seorang Waliyullah..

Menurut cerita tutur beliau bernama asli Kyai Ageng Prawirapurba putra dari Pangeran Haryo Surya metaram I atau cucu dari Sultan HB VI
Diceritakan bahwa semasa hidupnya beliau mempunyai banyak kelebihan atau karomah
Pernah suatu ketika beliau di dawuhi kanjeng Sultan untuk merapikan/menata kursi2 ruang perjamuan kraton karena akan ada pertemuan dan perjamuan para tamu pembesar kerajaan
Apa yg terjadi..? Ternyata hanya dengan menjetikkan jari jarinya atau metheti bhs jawanya kursi2 tersebut tertata dgn sendirinya..

Meskipun beliau itu keturunan Ningrat yg terhormat tapi semasa hidupnya beliau hidup sangat sederhana dan malahan terlihat seperti orang gelandangan ,ada yg mengatakan beliau mengalami Jadzab...
WallahuA'lam...
Beliau suka mondar-mandir bolak balik di jalan
Terkadang jalan2 di pasar..
Pernah suatu ketika beliau duduk duduk di bawah rel kereta api , ketika ada kereta Api yg melintas tiba tiba kereta tersebut terhenti mendadak dan macet ,baru setelah beliau beranjak dari tempat itu mesin kereta tersebut baru bisa hidup lagi dan berjalan..

Banyak sekali cerita tentang keanehan2 atau keajaiban yg beliau miliki semasa hidupnya...
Di sini diceritakan sekilas saja..
Semoga bermanfaat... Kurang lebihnya mohon maaf.. slm

WallahuA'lam bishowwab...

MAKAM PANGERAN SUMEDANG

NAPAK TILAS MENELUSURI JEJAK PARA PRIYAGUNG...

(1). MAKAM KANJENG PANGERAN SUMEDANG..

Pesarean Kanjeng Pangeran Sumedang dumunung wonten ing pesarean Widara Manis ing jalan krasak nomer 6 kampung Kota Baru Kecamatan Gondokusuman Kitha Yogyakarta

Ingkang Sumare wontên ing pesarean punika wonten pitu ,selain Panjenenganipun Kanjeng Pangeran Sumedang wonten Poro Priyagung lintunipun antawisipún

1. Kanjeng Pangeran Banyak Wide
2. Kanjeng Pangeran Warga Pati
3. Kanjeng Pangeran Sawunggaling
4. Kanjeng Adipati Ganduruhan
5. Kanjeng Ratu Bêruk lan
6. Kanjeng Raden Ayu Sekar Tanjung

Kacarita bilih Kanjeng Pangeran Sumedang Punika kalebet prajuritipun Sinuwun Kanjeng Sultan Agung Hanyakrakusuma , Panjenenganipun dipun wisudha dados Senopati Mataram ingkang asal usulipun saking Sumedang , ingkang asmanipun asli Raden Suryadi Wangsa putra saking Kanjeng Prabu Geusan Ulun , Panjenenganipun ngasta bupati Sumedang nalika tahun 1601-1625 M kanthi asma Pangeran Gempol I

Panjenenganipun kalebet Senopati Mataram ingkang Pinunjul ,pilih tandhing , digdaya lan sekti Mandraguna mila lajeng kapitados dados Senopati , mandegani Prajurit Mataram wonten ing paprangan ing Bang Wetan.
Saking digdayanipun Kanjeng Pangeran Sumedang kenging dipun wastani Mboten saged Pralaya, saben saben dipun Prasaja temtu gesang malih , ngantos dadosaken repotipun pihak mengsah (Kumpeni ) lan ngantos kewalahan..

Pihak Kumpeni lajeng pados cara supados saged merjaya Kanjeng Pangeran Sumedang
Salah satunggaling prajurit lan penderekipun Kanjeng Pangeran Sumedang ingkang khianat, nerangaken bilih Pangeran Sumedang Mboten saged Pralaya menawi Jasadipun Mboten dipun sareakan sak cara dipun pisah ,
Mila akhiripun jasadipun dipun pisah dados tigang bagian ...
Gembungipun dipun sareakan wonten ing pesarean widara Manis, mustakanipun dipun sareakan wonten ing pesarean Blunyah lan sukunipun dipun sareakan wonten ing pesarean Lempunyangan
Wonten setunggal Riwayat sanes mratelakaken bilih Gembungipun dipun sareakan wonten ing Lempunyangan, mustakanipun dipun sareakan wonten ing Widara Manis lan sukunipun dipun sareakan wonten ing Nitikan...
WallahuA'lam...

Mekaten sekedhik riwayat Panjenenganipun Kanjeng Pangeran Sumedang ingkang miturut sejarah kang kaserat..
Kirang langkungipun nyuwun agunging pangapunten...

Mugi manfa'at..

WallahuA'lam bishowwab...

Salam Rahayu...

NAPAK TILAS MENELUSURI JEJAK PARA LELUHUR .,

(2) MAKAM
SYEIKH KYAI AGENG LEMPUYANG
SYEIKH KYAI AGENG MUHAMMAD SYATAN DAN
SYEIKH KYAI AGENG NITIK TALIPRAJA

Lokasi makam berada di kampung Lempuyangan mantrijeron kec Danurejan Kota Yogyakarta..

Tak banyak yang bisa di ungkap tentang sejarah beliau beliau ini ,
hanya saja Menurut catatan sejarah yg dimiliki abdi dalem kasultanan Yogyakarta
Diceritakan bahwa beliau beliau ini adalah Ulama Agung dan sebagai Tokoh Penyebar Agama Islam jg tokoh cikal bakal di wilayah Lempuyangan yang hidup di era kesultanan Mataram..
Diceritakan semasa hidupnya beliau ini dikenal Ulama yang Kondang Kaloka dan kramat,  juga mustajab do'a nya ..
Dan di percaya bahwa beliau2 ini adalah seorang Waliyullah...

WallahuA'lam...

Salam Rahayu....

Selasa, 01 Agustus 2017

MAKAM BENDORO RADEN AYU MUSTAQIMAH

NAPAK TILAS MENELUSURI JEJAK PARA LELUHUR...

(1) MAKAM BENDORO RADEN AYU MUSTAQIMAH

Alkisah Diceritakan ketika perang suci Jawa tahun 1825 -1830 M atau yang lebih di kenal dengan sebutan geger perang Diponegoro
Banyak para keluarga dan kerabat dalem Kasultanan yg keluar dari kraton untuk mencari tempat yg lebih aman
Salah satunya adalah Bendoro Raden Ayu Mustaqimah , beliau adalah garwa dari Sinuwun kanjeng Sultan Hamengkubuwana IV
Bersama bibinya yaitu Bendoro Raden Ayu Purningsih hijrah ke daerah Kulonprogo​
Bersama dengan beberapa penderek dan pengikutnya di antaranya;

1 Kyai Sawung Jalmo
2 Kyai Sawung seto
3 Kyai Sawung galing dan
4 Kyai Gagak Rimang

Beliau bermukim di daerah Kulonprogo Hingga akhir hayatnya kemudian bersama para pendereknya beliau di semayamkan di sebuah bukit gemuk alit di dusun pendem kel Sidomulyo kec pengasih Kulonprogo Yogyakarta...
Kepada beliau semua lahumul Fatihah...

(2) .MAKAM KYAI UDAN GARING

MAQAM MBAH KYAI UDAN GARING

Miderek carita tutur tinular Panjenenganipun Kyai Udan Garing punika satunggaling Ulama ageng ingkang misuwur lan dipun segani dening masyarakat ,suka pitutur lan pangajak kesahenan dateng masyarakat
Ulama ingkang nengenaken dateng kautaman lan pangibadah dateng Gusti Allah

Kacarita panjenenganipun menika asalipun​ saking wilayah Cirebon jawa barat,
Panjenengane hijrah saking Cirebon kanti lelono jajah deso milangkori , saking setunggal wilayah tuwin wilayah lintunipun , sesarengan kaliyan nyiaraken agami Islam
Hinggo akhiripun Kyai Udan Garing punika dumugi wilayah mataram sisih kilen ( wilayah kulon Progo sapunika ) lan mukim dateng papan menika
Kacarita Panjenengane punika ugi ulama ingkang gadhahi kaluwihan utawi kasekten ingkang luwih dateng sesamining tiang
Lan Suko tetulung dhateng masyarakat

Sasampunipun seda Panjenenganipun Kyai Udan Garing dipun sareakan ing sanginggilipun ardi alit ,sapunika nderek padukuhan Sambiroto kalurahan Sidomulyo kec pengasih Kulonprogo Yogyakarta
Dateng masyarakat Kyai Udan Garing dipun pepundi lan  kaanggep dados leluhur cikal bakal lan pêpundhènipun wargo masyarakat Sambiroto

Mekaten sekedhik riwayat lan sujarah Panjenenganipun Kyai Udan Garing
Kirang langkung ipun nyuwun agunging pangapunten..
Mugi manfaat...

WallahuA'lam bishowwab...

Salam Rahayu...