Selasa, 01 Agustus 2017

MAKAM BENDORO RADEN AYU MUSTAQIMAH

NAPAK TILAS MENELUSURI JEJAK PARA LELUHUR...

(1) MAKAM BENDORO RADEN AYU MUSTAQIMAH

Alkisah Diceritakan ketika perang suci Jawa tahun 1825 -1830 M atau yang lebih di kenal dengan sebutan geger perang Diponegoro
Banyak para keluarga dan kerabat dalem Kasultanan yg keluar dari kraton untuk mencari tempat yg lebih aman
Salah satunya adalah Bendoro Raden Ayu Mustaqimah , beliau adalah garwa dari Sinuwun kanjeng Sultan Hamengkubuwana IV
Bersama bibinya yaitu Bendoro Raden Ayu Purningsih hijrah ke daerah Kulonprogo​
Bersama dengan beberapa penderek dan pengikutnya di antaranya;

1 Kyai Sawung Jalmo
2 Kyai Sawung seto
3 Kyai Sawung galing dan
4 Kyai Gagak Rimang

Beliau bermukim di daerah Kulonprogo Hingga akhir hayatnya kemudian bersama para pendereknya beliau di semayamkan di sebuah bukit gemuk alit di dusun pendem kel Sidomulyo kec pengasih Kulonprogo Yogyakarta...
Kepada beliau semua lahumul Fatihah...

(2) .MAKAM KYAI UDAN GARING

MAQAM MBAH KYAI UDAN GARING

Miderek carita tutur tinular Panjenenganipun Kyai Udan Garing punika satunggaling Ulama ageng ingkang misuwur lan dipun segani dening masyarakat ,suka pitutur lan pangajak kesahenan dateng masyarakat
Ulama ingkang nengenaken dateng kautaman lan pangibadah dateng Gusti Allah

Kacarita panjenenganipun menika asalipun​ saking wilayah Cirebon jawa barat,
Panjenengane hijrah saking Cirebon kanti lelono jajah deso milangkori , saking setunggal wilayah tuwin wilayah lintunipun , sesarengan kaliyan nyiaraken agami Islam
Hinggo akhiripun Kyai Udan Garing punika dumugi wilayah mataram sisih kilen ( wilayah kulon Progo sapunika ) lan mukim dateng papan menika
Kacarita Panjenengane punika ugi ulama ingkang gadhahi kaluwihan utawi kasekten ingkang luwih dateng sesamining tiang
Lan Suko tetulung dhateng masyarakat

Sasampunipun seda Panjenenganipun Kyai Udan Garing dipun sareakan ing sanginggilipun ardi alit ,sapunika nderek padukuhan Sambiroto kalurahan Sidomulyo kec pengasih Kulonprogo Yogyakarta
Dateng masyarakat Kyai Udan Garing dipun pepundi lan  kaanggep dados leluhur cikal bakal lan pêpundhènipun wargo masyarakat Sambiroto

Mekaten sekedhik riwayat lan sujarah Panjenenganipun Kyai Udan Garing
Kirang langkung ipun nyuwun agunging pangapunten..
Mugi manfaat...

WallahuA'lam bishowwab...

Salam Rahayu...

2 komentar:

  1. Wonten kelurahan Sidomulyo mboten wonten padykuhan ingkang Nami "sambiroto". Sacelak kelurahan wonten padykuhan sambiroto, ananging kalebet wewengkon kelurahan Banyuroto, kapanewon nanggulan, kulon Progo. Waundene wonten kelurahan Sidomulyo wonten satunggaling makam kyai ingkang mapan wonten padykuhan Kutogiri. Ananging Kula mboten mangerto,.menika mengapa sanes ingkang dipun kersakaken dening panyerat warta menika.

    BalasHapus
    Balasan
    1. Leres meniko pedukuhan sambiroto kalebet wewengkon kalurahan Banyuroto, Kapanewon Nanggulan, Kabupaten Kulon Progo. Waundene padukuhan Sambiroto leres wonten Patilasan Kyai Udan Garing inggih puniko wonten makam Gunung Cangkir.

      Hapus

Terimakasih sudah berkunjung