Sabtu, 05 Agustus 2017

MAKAM PANGERAN SUMEDANG

NAPAK TILAS MENELUSURI JEJAK PARA PRIYAGUNG...

(1). MAKAM KANJENG PANGERAN SUMEDANG..

Pesarean Kanjeng Pangeran Sumedang dumunung wonten ing pesarean Widara Manis ing jalan krasak nomer 6 kampung Kota Baru Kecamatan Gondokusuman Kitha Yogyakarta

Ingkang Sumare wontên ing pesarean punika wonten pitu ,selain Panjenenganipun Kanjeng Pangeran Sumedang wonten Poro Priyagung lintunipun antawisipún

1. Kanjeng Pangeran Banyak Wide
2. Kanjeng Pangeran Warga Pati
3. Kanjeng Pangeran Sawunggaling
4. Kanjeng Adipati Ganduruhan
5. Kanjeng Ratu Bêruk lan
6. Kanjeng Raden Ayu Sekar Tanjung

Kacarita bilih Kanjeng Pangeran Sumedang Punika kalebet prajuritipun Sinuwun Kanjeng Sultan Agung Hanyakrakusuma , Panjenenganipun dipun wisudha dados Senopati Mataram ingkang asal usulipun saking Sumedang , ingkang asmanipun asli Raden Suryadi Wangsa putra saking Kanjeng Prabu Geusan Ulun , Panjenenganipun ngasta bupati Sumedang nalika tahun 1601-1625 M kanthi asma Pangeran Gempol I

Panjenenganipun kalebet Senopati Mataram ingkang Pinunjul ,pilih tandhing , digdaya lan sekti Mandraguna mila lajeng kapitados dados Senopati , mandegani Prajurit Mataram wonten ing paprangan ing Bang Wetan.
Saking digdayanipun Kanjeng Pangeran Sumedang kenging dipun wastani Mboten saged Pralaya, saben saben dipun Prasaja temtu gesang malih , ngantos dadosaken repotipun pihak mengsah (Kumpeni ) lan ngantos kewalahan..

Pihak Kumpeni lajeng pados cara supados saged merjaya Kanjeng Pangeran Sumedang
Salah satunggaling prajurit lan penderekipun Kanjeng Pangeran Sumedang ingkang khianat, nerangaken bilih Pangeran Sumedang Mboten saged Pralaya menawi Jasadipun Mboten dipun sareakan sak cara dipun pisah ,
Mila akhiripun jasadipun dipun pisah dados tigang bagian ...
Gembungipun dipun sareakan wonten ing pesarean widara Manis, mustakanipun dipun sareakan wonten ing pesarean Blunyah lan sukunipun dipun sareakan wonten ing pesarean Lempunyangan
Wonten setunggal Riwayat sanes mratelakaken bilih Gembungipun dipun sareakan wonten ing Lempunyangan, mustakanipun dipun sareakan wonten ing Widara Manis lan sukunipun dipun sareakan wonten ing Nitikan...
WallahuA'lam...

Mekaten sekedhik riwayat Panjenenganipun Kanjeng Pangeran Sumedang ingkang miturut sejarah kang kaserat..
Kirang langkungipun nyuwun agunging pangapunten...

Mugi manfa'at..

WallahuA'lam bishowwab...

Salam Rahayu...

NAPAK TILAS MENELUSURI JEJAK PARA LELUHUR .,

(2) MAKAM
SYEIKH KYAI AGENG LEMPUYANG
SYEIKH KYAI AGENG MUHAMMAD SYATAN DAN
SYEIKH KYAI AGENG NITIK TALIPRAJA

Lokasi makam berada di kampung Lempuyangan mantrijeron kec Danurejan Kota Yogyakarta..

Tak banyak yang bisa di ungkap tentang sejarah beliau beliau ini ,
hanya saja Menurut catatan sejarah yg dimiliki abdi dalem kasultanan Yogyakarta
Diceritakan bahwa beliau beliau ini adalah Ulama Agung dan sebagai Tokoh Penyebar Agama Islam jg tokoh cikal bakal di wilayah Lempuyangan yang hidup di era kesultanan Mataram..
Diceritakan semasa hidupnya beliau ini dikenal Ulama yang Kondang Kaloka dan kramat,  juga mustajab do'a nya ..
Dan di percaya bahwa beliau2 ini adalah seorang Waliyullah...

WallahuA'lam...

Salam Rahayu....

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Terimakasih sudah berkunjung